SMS TEMANGSANG
Karya:
Turiyo Ragilputra
Saupama isih kumleyang ing gegana
Apadene temangsang sumlesep ing
antarane mega-mega
Bisa dakwaca kanthi trewaca,
kangmas
Surasaning SMS rinacik ukara
tresna
Lumantar sunaring bagaskara
Pangarasmu ing pipi tengen lan
kiwa
Uga...
Minggu, 11 Januari 2015
Posted by Unknown
On 19.22
MBANYU MILI
Karya:
RACHMAT DJOKO PRADOPO
Kang ilang ora bakal bali
Banyu mili tumuju segera
Nadyan ana kenangan tansah
ngalela
Kang ngiris ati
Nanging, kenangan ora liya mung
kenangan
Kang terkadang ngrujit rasa
Kang mili terus gumingsir
Wektu tan kendhat lumingsir
Nggawe kang biyen seger saiki
klenger
Umur uzur nyaketi kubur
Tan kabendung terus...
Categories: Geguritan
Posted by Unknown
On 19.20
Kupu Kang kekitrang
Karya: Turiyo
Ragilputra
Kupu-kupu kang kekitrang ing
kalbu
Babar pisan aku ora suwala
Menawa madu ing raga
Iki bakal asat koksesep
Aku tansah setya
Nadyan kang cetha
Sliramu uler gatel
Nggawa memala
Aku jejere kembang
Datan bisa sambaing
Ngaruhake kabar katresnan
Sedheng ketiga
Durung cetha anggone purna
Kupu-kupu kang kekitrang
Ana ngendi dununge kasetyan
Aku kang kebacut krungu
Tembang katresnan
Apa bener among lelamisan?
Aku kang kebacut weruh
Endah rupa elarmu
Apa bener among kanggo
Mencoki...
Categories: Geguritan
Sabtu, 10 Januari 2015
Posted by Unknown
On 11.53
Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa
teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung
(frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa
tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung
surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges:
tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni
manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam
uripe.
Paribasan ana kang sinebut...
Categories: Bahasa
Jumat, 09 Januari 2015
Posted by Unknown
On 15.09
MENGENAL BAU [Ke Kategori]
Jawa
Melayu
Bacin
Busuk
Badek
Hapak
Wangi
Harum
Amis
Hanyir
Lecit
Bacin
MENGENAL RASA [Ke Kategori]
Jawa
Melayu
Adem
Sejuk
Anyep
Tawar
Anget
Hangat
Asin
Masin
Legi
Manis
Kecut
Masam
Pedes
Pedas
Pait
Pahit
Sepet
Kelat
MENGENAL BENTUK [Ke Kategori]
Jawa
Melayu
Bulet
Bulat
Cilik
Kecil
...
Categories: Bahasa
Langganan:
Postingan (Atom)