RESENSI NOVEL ASMARANI
KARYA
SUPARTO BRATA
Disusun
Guna Memenuhi Tugas Mata Kuliah Menulis Kreatif
Dosen
Pengampu : Bu Prembayun Miji Lestari
Oleh
Awaliatul
Nur Rohmah
2601413063
Rombel : 03
PENDIDIKAN BAHASA DAN
SASTRA JAWA
FAKULTAS BAHASA DAN
SENI
UNIVERSITAS NEGERI
SEMARANG
2014
RESENSI
NOVEL ASMARANI
A. Identitas Buku
Judul
Buku :
Asmarani
Penganggit :
Suparto Brata
Diterbitake dening :
Elmatera
Cetakan :
1 juni 2013
Kaca :
154 halaman
Amba+dhuwur : 14,5 x 21 cm
Warna kertas :
Paper Green
ISBN :
978-602-777-740-8
Basa :
Jawa
Asmarani
yaiku novel karya Suparto Brata sing diterbitake dening Elamatera nalika taun
2013. Novel iki nyeritakake katresnan sing ora lumrah, antarane Asmarani lan
Marsan gurune, bocah SD adu katresnan karo gurune. Ora mung iku, nanging uga uripe Asmarani sing
dadi anak pupon. Ngrasakake kasih sayang sing beda, lan perjuangan ngelakoni
uripe nganti dadi wong super kaya sing diimpek-impekake.
B. Sinopsis
Asmarani bocah wadon sing awit cilik
dadi anak pupon dirumati kaluwarga Nataran ana ing Desa Ngombol. Pak Nataran
lan Mak Nataran yaiku tani sing sugih ana ing Desa Ngombol, Pak Nataran iku
sabar banget anggone dadi wong. Beda karo Mak Nataran sing panikan lan
emosinan. Ana uga Paerah, mbakyune Asmarani sing judhes, manja lan aleman, Paerah kerjane ning Surabaya.
Lan akhire kawin karo Raden Saptadi sing dibanggak-banggakake marga pegawe Bank.
Asmarani satemene wis awit bayi pisah
karo ibune merga jaman semana diuber-uber para Walanda, Asmarani iku satemene
anake Nyai Juwita salah siji pejuang ana ing jaman semana. Nyai Juwita
ninggalake Asmarani merga jaman semana Asmarani isih bayi, lan Nyai Juwita
diuber-uber para Walanda. Akhire ditinggalake ana ing omahe Pak Nataran,
dirumati Pak Nataran lan keluargane, Nyai Juwita priyayi ana ing Kutha
Yogyakarta. Sejatine Asmarani pinter ing sekabehane piwulangan, khususe
itung-itungan. Bocah iki cilikane nakal, seneng nyolongan lan pencilakan.
Asmarani ndue konco kenthel,
yaiku Mardinem. Bocah sing isinan lan wedinan, nanging setiya anggone bebalan. Meh saben dina Mardinem doanane karo Asmarani, merga
pancen Asmarani sing kanca kenthele awit cilik mula.
Nalikane Asmarani kelas 6 SD, dheweke
karo Marsan gurune nduweni katresnan, ora lumrah yen dipikir, Asmarani umur 15
taun lan Marsan meh umur
tikele. Jaman semana Marsan tenanan anggone seneng Asmarani, bocah wadon sing
isih lumrahe bocah, tau uga rerangkulan ana ing kelas kang kothong, karo ngucap janji, janji mbesok bakal tunangan
lan omah-omah bebarengan. Saya anggone tresna merga Asmarani anake wong sugih
sawah. Bareng ngerti nek Asmarani anak pupon, langsung wae ditinggalake.
Satemene Marsan iku mung milik donyane, ngarep-arepake dadi mantune wong sugih
sawah. Senajana ayu yen ora anake wong sugih yo ora bakal dikarepake Marsan. Kaya Asmarani, senajana isih bocah, nanging anake wong
sugih ya diarepi Marsan, sing munine bakal saguh ngenteni gedhene Asmarani.
Nanging bareng Marsan nampa surat sing isine nudhuhake yen Asmarani kuwi ora
anake Pak Nataran, terus wae diemohi. Sing ana malah akhire Marsan mbaleni Paerah lan bebojonan
karo Paerah Mbakyune Asmarani, randa merga pegatan karo Raden Saptadi pegawe
Bank Surabaya.
Ora mung karo Marsan, nanging uga Tarwi,
satemene Tarwi iku kakak kelase nalika SD, sing saiki nerusake sekolah ana ing
SMP. Sing gedhe-gedhenane dadi Pak Lurah.
Dimulai saka
anteman juwet sing dikrocokake ing Tarwi, wiwit lebar kadadean iku Tarwi
lagi nyadari yen Asmarani iku jebule manis, nalika bubar padu ana ing dalan
nalikane Tarwi bali saka sekolah.
Intuk pesen saka Mardinem, kanca kenthele Asmarani, Tarwi langsung nusul
Asmarani ana ing mburi sekolahan. Kanti permen karet sing dadi lambing
katresnane Asmarani ring Tarwi lan nyampur getih dadi lambing senenge Tarwi
ring Asmarani. Iku kabeh dilakoni merga padha senenge antarane Asmarani lan
Tarwi. Wis digadhang-gadhang sok nek gedhe dijak mah-omah ana ing Kutha
Yogyakarta.
Bareng Asmarani tamat anggone sekolah
dasar, Asmarani nduwe tekad kanggo luru lan nyusul Biyunge. Dekne wis ngerti
apa sebababe kok ngrasakake kasih sayang kang beda saka Pak Nataran lan Mak
Nataran, ya kuwi merga Asmarani mung anak pupon. Asmarani ngerti yen dheweke kuwi ora anake Pak Nataran lan Mak Nataran
merga maca surat sing dikirimake Biyunge lan diwehke Marsan marang biyunge.
Bareng ngerti isi surat sing nuduhake deweke ora anake Pak Nataran lan Mak
Nataran, langsung wae dheweke sadar diri lan nyelengi duet sitik sitik kanggo
bakal biyaya nyusul Biyunge ning Kutha Yogyakarta. Ora ngenteni suwe kekarepane
Asmarani kanggo nyusul Biyunge keturutan. Ona utusan saka ibune yaiku Suparto
sing dikongkon njemput Asmarani supaya dijak mulih ning Kutha Yogyakarta, Ibune
Asmarani sing lgi lara mung bisa ngutus utusan lan ora bisa marani. Kanthi
semangat Asmarani gage-gage melu lunga utusane Ibune mulih ning Kutha
Yogyakarta. Wis awit cilik mula Asmarani ndue
kekarepan dadi manusia super. Sing akhire keturutan sakbubare Asmarani sekolah lan dirumati Ibune ana ing Kutha
Yogyakarta.
Kutha sing nggedhekake lan ngabulake
impen-impenane Asmarani nalika isih cilik. Bisa awor, ketemu lan disekolahake
dening Biyunge nganti dadi wong gedhe. Asmarani ora mung ayu, nanging uga
cerdas. Satemene Nyai Juwita bangga bisa nduweni anak kaya Asmarani. Kesedehane
Asmarani bisa ilang lan kebayar nalika wis nemukake Biyunge. Bisa ngrasakake
kasih sayang sing tulus lan keluarga sing wutuh.
C. Unsur intrinsik dalam
novel “Asmarani” karya Suparto Brata
1.
Tema
Novel
Asmarani anggitane Suparta Brata iki nyeritakake kisah salah - sawijine remaja kang duweni tekad mejuwangake
kauripan lan gegayutane.
1.
Tokoh
dan Penokohan
a)
Tokoh Utama
1) Asmarani
: Asmarani kuwi anak angkate Pak Nataran, petani kang sugih lan
kasuwur ing desa Ngombol. Asmarani kuwi remaja kang ayu, usil, dheweke uga
nakal banget nalika cilikane. Nanging pinter ing kabeh perkawis, dheweke kuwi
wong kang ora gampang ngresula, ora mung kuwi Asmarani uga wong wadon kang
kendel lan ngabekti.
Kutipan:“Asmarani ngliwer mlebu omah, njujug ruwang tengah, nggeret kursi menyang
ngarep lemari. Lemari dibukak, dheweke ancik-ancik kursi, rogoh-rogoh rak
nduwur dhewe, nggagapi piring sing ana kono. Ketemu lapis diemplok lapis,
ketemu tape diemplok tape. Lemari banjur ditutup maneh, kursi diseret bali ing
panggonane. Dheweke terus mlayu njrunthul mlayu metu menyang kulon omah.”(hal.
08)
Kutipan ing dhuwur kuwi salah sawijine gambaran kenakalane
Amarani nalika isih cilik.
Kutipan:“Saiki ngerti tenan sebabe. Asmarani dudu
putrane Biyung Nataran.” (hal. 74)
Kutipan ing dhuwur ngandharake yen Asmarani kuwi dudu anake
Ibu Nataran, nanging dheweke kuwi mung anak angkat.
Kutipan:“Nanging kepriye carane nggoleki alamate
Biyunge ing Kutha Yogya? Priye carane pamit lunga menyang kutha mrana?
Tekad-tekadan
Asmarani meneng-meneng arep nyelengi dhuwit, mengko yen sakira dhuwite wis
cukup akeh nganti sepuluh ewu rupiah, dheweke arep merat nyang Kutha Yogya! Ora
ndadak pamit Ba, Bi, Bu, pokoke merat ngono wae!” (hal. 75)
Kutipan
ing dhuwur nggambarake yen Asmarani kuwi duweni tekad lan kekendelan kang gehde
supaya bisa ketemu karo ibu kandunge. Kutipan diatas menunujkkan bahwa Asmarani
b)
Tokoh Bawahan
1)
Marsan : Tokoh Marsan ing kene kuwi sawijine guru SDne Asmarani nalika dheweke sekolah Dasar.
Marsan ing kene duweni watak milih – milih, seneng marah, seneng ngawang – awing lan seneng nrayu.
Kutipan:“Apa maneh yen dipikir Asmarani kuwi putrane sapa,kirane prawan
sadhaerah Purwodadi ora ana sing ngalahake kesugihane pak Nataran. Sugih sawah!
Akeh prawan ayu lan wis mecucu gunung kembare, nanging dudu anake wong sugih
sawah. Kamangka Marsan ora pisan-pisan mendha anggone kepingin dadi wong tani
duwe sawah!” (hal.63)
Kutipan
ing dhuwur ngandharake yen lakon Marsan kuwi duweni sipat kang milih – milih
anggone luru wong wadon utawa gandhengan. Dhewele
luwih milih wong wadon kang saka keturunane petani sing sugih. Sanajan akih
wong wadon ayu liyane, nanging ora saka kulawarga kang sugih.
Kutipan:“Dhik Kadinah, gedhang kepok gedhang ijo rak
uwis, Dhik,” kanca-kancane Kardinah sok ngguyoni. Gedhang kepok gedhang ijo
tegese ‘wong mondhok dipek bojo.” (hal. 10)
Kutipan ing dhuwur ngandharake yen lakon Marsan kuwi seneng
ngerayu wong wadon ayu kang ana ing desane.
2)
Paerah : Paerah kuwi mbakyu angkate Asmarani. Paerah duweni watak kang pemarah, duweni
tampang judes, gumedhe lan ora gelem kalah.
Kutipan:“Yen nonton tata-rakite surasane layang iki, pancen becik temenan.
Nanging manut tata-cara, dakkira kurang prayoga wong lanang nglamar wong wadon
ora teka marang wong tuwane wong wadone. Saora-orane wong tuwa bisa mutusake
yen wes tepung karo bakal mantune.
Sokur-sokur karo calon besan, yakuwi wong tuwane calon mantu. Rak iya
ta, Bu?”
“Kantene enggih!” ujare sing wadon
karo manthuk-manthuk.
“La iya, iku dhisike karepe rak yo
ngono, ta, pak. La ning saiki peraturan kantor pancen sok ora marengake netepi lakune
tata-cara. Dadi dakkira ora dadi baya ngapa ta, cara sing dienggo Raden Saptadi
iki. Urip cara kutha saiki ya wis ngono, lo, pak. Seje karo wong-wong jaman
Bapak biyen!” ujare Paerah cathas. Pancen Paerah adate keras, lan Bapak-Emake
kerep ngalah lan nguja.” (hal. 34)
Kutipan
ing dhuwur ngandharake kanthi cetha yen watak kang diduweni Paerah kuwi
gumedhe, saksenengane dhewe, ora gelem dikalahake. Watak kuwi ora mung ditujukake marang Asmarani, ibu
lan bapake, namung uga kanggo kabeh wong.
3)
Mak Nataran : Ibu
angkat dari Asmarani, yang membedakan kasih sayang antara Paerah dan Asmarani
yang hanya anak angkat. Mak Nataran buta huruf, galak, namun istri petani kaya
di desa Ngombol.
Kutipan :“Lan mak Nataran ngelem banget diadi-adi kaya mengkono. Paerah dikekep
gemes, diambung-ambung greget. Asmarani ora tau disikepi kaya ngono dening
Emake. Asmarani wis krasa banget ditresnani kanthi cara sing beda karo
mbakyune. Asmarani mung krasa wae, nanging ora nggoleki sebab-sebabe. Malah
rumangsa wis ngerti sebabe, yakuwi tingkah lakune Asmarani sing pethalitan lan
penyenyengan, ora ndadeake Emake nresnani dheweke. Lan sikepe mbakyune sing
judhes marang Asmarani uga dijarke wae karo Emake, ora dipenggak utawa diwaoni.
Asmarani krasa dibedaake.” (hal. 74)
Kutipan ing dhuwur
nggambarake yen Pak Nataran kuwi duweni tumindak kang seneng bedhakake tresna
lan asih marang anak – anake. Lan kuwi gawe Asmarani ngrasa yen dheweke kuwi
dibedhakake dening bapake.
Kutipan:“Iya, iya. Aku ora ngerti kebutuhane wong kutha. Yen kowe wes mathuk
tenan, aku lan Emakmu ya oleh-oleh wae, jer ing pangangkah dadia lan becike.”
(hal. 35)
Kutipan
ing dhuwur ngandharake kebecikan lan sikep gelem ngalah kanggo anake sanajan
sejatine sing dilakokake kuwi ora kaya apa kang dirasakake, kuwi kabeh
dilakokake mung kanggo senenge anake.
4)
Mardinem : Sahabat
Asmarani mulai dari kecil. Penakut, pemalu, namun baik, dan setia kawan.
Kutipan:“Dheweke ngajak Mardinem, kancane kenthel, nalika nyedhaki gurune kang
maca anteng ing klas sing kothong bocah marga lagi ngaso.
Mardinem ketara wedi lan isin
nalika ngancani Asmarani nyedhaki Marsan.” (hal. 02)
Kutipan
ing dhuwur ngandharake yen lakon Mardinem kuwi duweni watak kang isinan lan
wedinan nalika diutus Asmarani supaya ngancani dheweke saperlu nemoni Pak
Marsan ing kelas sing kosong.
5)
Tarwi : kuwi wong kang ngaku yen dheweke
kuwi tunangane Asmarani nalika cilik, Tarwi duweni watak kang seneng banting
tulang, apik, lan uga dadi lurah ing Desa Ngombol.
Kutipan:“Kabeh bocah kudu mlebu sekolah! Merga manut nalarku pembangunan kabeh
iki, apa wae, bakal muspra yen kita ora ndedher wiji kang becik. Dene
dhedherane ora liya yakuwi ngudi kawruh lan tata batine manungsa! Bocah-bocah
diwulang wuruk maca buku. Marga sekabehane ngelmu apa wae iki kabeh wes dipacak
dadi buku lan bisa diwaca ing buku.” (hal. 108)
Kutipan
ing dhuwur nggambarake Tarwi anggone gawe majune desane kuwi kanthi tulus, lan
kanthi kebecikan supaya wong – wong ora padha tininggal jaman lan bocah – bocah
tetep mentingake pendhidhikane.
2.
Alur
Alur sing digunakake ing novel Asmarani anggitane Suparta
Brata yaiku alur campuran. Amarga kang dicritakake kuwi kedadeyan kang kelakon
ing jaman saiki lan balik maneh ing jaman biyen.
Kutipan:“Kang Ramamu karo kang Ibumu biyen didhinesake neng Purworejo.
Purworejo dijegi tentara Walanda. Rama lan Ibumu ngungsi, keplayu tekan kene.
Ya dakwenehi panggonan ing pendhapa kene. Sisih kulon kuwi disingget dadi
kamar. Kowe lair ing pengungsen kene. Nalika umur telung sasi, Ramamu lagi
menyang Purwodadi. Ibumu lagi tindak jedhing, kampung kene digrebeg tentara
Walanda Nika. Omah iki pendhapane wis kebak sepatu-sepatu boot utawa lares.
Landane padha pating dlajig mlaku-mlaku ning kene iki. Mrana! Mrene! Cekake
pendhapa iki kebak uwong – serdhadhu landa – dudu pari yen kaya panen kae. Kowe
isih bayi, durung ngerti doso, mung plengah-plengeh, weruh serdhadhu-serdhadhu
mungsuh gawa bedhil lan mimis kuwi. Dene aku karo Emakmu dibanda ana bale
kana.” (hal. 88-89)
Kutipan ing dhuwur
nuduhake yen alur sing digunakake kuwi alur campuran, kabukti ana crita kang
nyeritakake kedadeyan kang kelakon saiki lan jaman biyen.
3.
Setting
a)
Latar Tempat
1)
Di dalam kelas
Kutipan:“Dheweke ngajak Mardinem, kancane kenthel, nalika nyedhaki gurune kang
maca anteng ing klas sing kothong bocah marga lagi ngaso.” (hal.02)
2)
Ning njero
omah
kutipan:“Asmarani ngliwer mlebu omah, njujug ruwang tengah, nggeret kursi
menyang ngarep lemari. (hal.08)
3)
Ning mburi sekolahan
Kutipan:“Tarwi ndedhepi Asmarani ing mburi sekolah.” (hal.20)
4)
Ning stasiun
Kutipan: “Ing Stasiun Jenar dheweke tuku karcis sepur ngulon, menyang Kutoarjo.”
(hal.64)
5)
Ning omahe Lurah Tarwi
Kutipan:“Ngono,
ya?” Asmarani nanggapi sembranane Tarwi kanthi ampang, ora patia direwes, karo
clilengan maspadaake bale omahe Kelurahan.” (hal.107)
b)
Latar Waktu
Latar waktu sing katon
ana ing novel Asmarani karya Suparto Brata
1)
Wayah
Awan
Kutipan:“Awan-awan Asmarani disrengeni Emake marga panganan.” (hal.13)
2)
Wayah Bengi
Kutipan:“Bengi kuwi Marsan netepake arep sowan Pak Nataran.” (hal.65)
3)
Wayah Esuk
Kutipan:“Lan, esuk-esuk dina Rebo, wayah dina pasaran ing Ngombol, srengenge
lagi sagenther dhuwure, ana dhokar keblethong ing pratelon cedhak sekolahan.”
(hal.97)
4)
Wayah Sore
Kutipan:“Sore-sore dudu watake Marsan nguthek ana ngomah. Dheweke ngedegake
kumpulan orkes, melu kumpulan badminton, lan apa-apa sing magepokan karo
sumrambahing sesrawungan ing desane.” (hal.10)
4.
Sudut pandang
Ana ing novel Asmarani karya
Suparto Brata nggunakake sudut
pandang wong katelu, amarga ing crita
novel iki panganggit ora duweni peran, penganggit mung nyeritakake kahanane
wong liya.
5.
Amanat
Amanat kang bisa kapetik saka novel Asmarani karya Suparto Brata urip
iku akeh cobaane, kudu kuat, sabar lan nrima anggone ngelakoni urip iki. Tansah
ngati-ati marang wong lanang lan tansah berjuang kanggo urip mandiri.
D. Kelebihan
Ing
novel Asmarani iki akih banget kelebihane, salah sijine bisa didelok saka segi
alure, kang bisa nggawa wong kang maca
melu ngrasakake lan mlebu ana ing njero crita kuwi. Saengga wong kang maca bisa nyatu sampurna ing njero
crita. Ora mng
iku, nanging uga ngawehi kesan sing apik kanggo wong kang maca. Asmarani pancen
bocah nakal, nanging kenakalane ora kalah karo kacerdasane anggone ngelakoni
urip iki.
Akeh uga peran moral social lan pendhidhikan sing bisa dijupuk saka novel iki.
Penganggit uga gawe gampang wong kang maca novel kanthi menehi tanda ing ejaan e,
é dan è. Saengga
wong kang maca ora kangelan bedakake.
E. Kelemahan
kelemahan
saka novel iki angel ditemukake, mung
wae ana tembung-tembung sing anggone ngetik ana sing keliru, nanging iku ya
lumrah wae. Mung wong-wong kang ora kebiyasa maca wacanan jawa menawane seradu
kangelan, merga ana basa-basa sing asing lan jarang dirungokake ana ing basa
pakulinanane.
F. Nilai Buku
a)
Nilai Moral
Nilai
moral kang ana ing novel Asmarani karya Suparto Brata salah
sijine ngajeni wong kang luwih lan ashor derajate kanti cara mikurmati lan
ngrapyaki wong mau, lan uga niru tumindhak apike.
b)
Nilai Sosial
Nilai Sosial saka novel iki bisa sidelok saka kenthele kekancan
antarane Asmarani lan uga Mardinem, saling bantu binantu anggone nglakoni
penggawean lan mangerteni kanca ana ing sekabehane kondisi.
0 komentar:
Posting Komentar