Senin, 15 Desember 2014

Posted by Unknown On 18.59
Par Avion


Dak rakit gurit karana gresah napasmu
Kaukir ing lurung –lurung wuyung, salarik mbaka salarik
Mijil saka reruntuhan kembang sagagang

Bokmenawa isih pantes nembangake langgam kangen bocah
Marang gumyake dolanan jamuran, njlumati panggantha sing
Rontang-ranting (lambang jaman kala iki) aku lan sliramu
Durung mangsane methik sekar kanggo sawur layoning tresna
Isih dawa wates kang kudu diliwati
Isih dhuwur gunung kang kudu diunggahi
Isih adoh dalan kang kudu dipecaki
Iki gurit, tampanen minangka tandha memitran
Bokmenawa aku sayah lan butuh leren ing sangisore suket teki
Ngrantu bun tumetes (lan nembang kawuyungan) sulur karep
Tansah kaulur sadawane pangarep-arep

O, sumitra
Dak kirim Par Avion iki liwat gurit
Awit sang pujangga butuh kanca nunggal rasa
Kanggo mbabar crita bab kembang menur sing mekar subur
Dalan kawusanan, sangkan kenikmatan

Ambal kebumen, oktober 1990

(Mekar Sari, No. 04-tgl. 27 maret 1991)

0 komentar:

Posting Komentar