BALE SIGALA-GALA
Nalika
semanten wigatosipun rembag dhawuhing Sang Nata badhe masrahaken sepalihing
nagari dhumateng para putra pandhu. Boten dangu kapireng dening para kawula
bilih ingkang adhi Yudhistira badhe jumeneng nata ing Astina. Jumenengipun
Yudhistira punika badhe nggentosi kalenggahanipun Paman Pandhudewanata. Mangka
para kadang Pandhawa dereng ngancik diwasa. Bab puniku njalari samaripun
Kurawa, langkung-langkung Prabu Kurupati inggih Prabu Duryudana, bilih
mangkenipun badhe dados reh-rehanipun. Pramila Arya Sengkuni lajeng badhe damel
cara sandi mangsit dhumateng para Korawa murih sirnaning Pandhawa. Caranipun
kanthi ndamel panggenan pasanggrahan.
Wangunipun panggenan pasanggrahan kadamel saking deling
sadaya. Ing nglebetipun gebyog kaisenan walirang, dammar, tuwin sela. Ing saben
padonanipun kasukanan uceng-uceng. Inggih ing panggenan menika ingkang kinarya
bale andrawina. Dene bale kala wau lajeng kawastanan bale sigala-gala. Inggih
wonten ing bale punika Korawa badhe maeka kadhangipun pandhawa.
Sasampunipun nampi tetembungan manuhara tuwin ulat
ingkang manis, para Pandhawa bidhal dhateng pasanggrahan ingkang winastan bale
sigala-gala wau. Dewi Kunthi kaliyan Raden Puntadewa kapanjingaken kancing
gelungipun Raden Bratasena. Lampahing Raden Bratasena pindha barat binandhung
lesus.
Nalika semanten ing pasanggrahan sampun dados anggenipun
ngrakit bale. Raden Kurupati mboten dangu anggenipun nyrantos, dumadakan
katungka rawuhipun Dewi Kunthi ingkang kairit dening Arya Sengkuni. Rawuhipun
Dewi Kunthi dipundherekake para putra. Rakiting pesta andrawina sampun samapta.
Raden Bratasena lajeng ngunjuk ngantos kawuron. Saksana nuli medal ing Jawi
tilem wonten ing sangandapipun wit waringin.
Ing dalu punika ugi, Pandhawa kadhatengan tamu saking
dhusun, kalebet tiyang mboten gadhah ingkang cacahipun enem jaler gangsal estri
satunggal. Gandheng griyanipun tebih pramila nderek tilem wonten ing pasanggrahan.
Saking keselipun, tamu enem kala wau lajeng saged tilem kepatos.
Mangretos menawi sedaya sami tilem, Arya Sengkuni mangsit
dhumateng Kurupati supados nyulet ingkang pardoning bale. Jumedhot swaraning
bale, latu murub mangalat-alat sundhul awiyat. Para Korawa sampun sami medhal
saking bale. Dewi kunthi Saputra sekawan badhe linggar sampun kepalang ing latu
ingkang ngajrih-ajrih.
Bratasena ingkang saweg kasambet, ginugah dening para
dewa, sanalika wungu sakalangkung kradha. Sasampunipun Bratasena ninggali latu
ingkang mulat-mulat. Tanpa riringa gebyoging bale ingkang dereng kobong
dinupak. Gebyok ambyar, Sang Bratasena nusup salebeting latu ingkang sampun
dinadi. Tekad sabaya pati ingkang salebeting dahana, dupi priksa ingkang ibu
sarta para adhinipun malempak kepalang ing latu sigra sinaut ing astanipun
Risang Bratasena. Tan antara dangu dhateng garangan putih lajeng ambles ing
pratala. Sang Bima lajeng anut lampahing garangan wau. Satemah Pandhawa
wilujeng, lepat saking paekanipun ingkang Raka pan Duryudhana.
Mireng kabar bilih pasanggrahan kabesmen dados wau.
Korawa sami tedak dhateng Wanamarta, tuwin ngabaraken sedherekipun, Pandhawa.
Ing lair ngetingalaken raos trenyuh dhumateng nasibipun para kadang Pandhawa, nanging batosipun
bingah sanget dene klilipipun rumaos sampun ical. Sareng mangertos wonten
wangke cacahipun enem, para Korawa api-api wawan tangis, sami nggetuni
tilaripun para kadang Pandhawa. Ing batos sami bingah marwata suka, lajeng
ngawontenaken pesta.
(Cathetan saking
Radyapustaka Sirakarta)
0 komentar:
Posting Komentar