Sabtu, 20 Desember 2014

Posted by Unknown On 20.17

Ringkasan Serat Tripama

Wosing nyariosaken tuladha pengabdian kaliyan kerajaan, saha kedah ngupadi ing keutaman.
        I.            Senopati Suwanda sanget dipununggulaken dening Prabu Harjuna Sasrabahu wonten ing Maespati. Ing tiga perkawis, inggih menika : kapinteran (ilmu) kasugihan ing akal, pikiran lan siasat paperangan, kaleresan kanthi semangat patriotik, menika manusia utama.
      II.            Tiga tuladha pengabdian
-          Guna (saged nindakaken sedaya perkawis) : keunggulan
-          Suhih (nalika perang dhateng negara Magada, boyong putri domas, Citra Wati lan 800 pengiringipun) : kagem rajanipun
-          Kersa/ wantun/ purun nalika nglawan Rahwana saking negeri Alengka lan Sumantri gugur.
    III.            Kumbakarna, Satriya agung saking Alengka. Piyambakipun tansah ngengetaken ingkang Raka, Rahwana, kagem slametipun negara. Ananging Rahwana boten gatosaken lan badhe nglawan prajurit Wanara.
    IV.            Nindhakaken dhawuh ingkang Raka, Kumbakarna tindak perang kagem ngabekti marang negara, keluhuran keluwarga, leluhur lan bangsa. Luwih becik pejah ing peperangan. Tinimbang gesang kanthi mulya ing Alengka.
      V.            Suryaputra menika Narpati saking Awangga, sedherek Pandhawa sanes bapa, tunggil Ibu. Piyambakipun ngabekti marang Prabu Kurupati saking negeri Astina , minangka panglima perang ing perang Bharatayuda dados senopati perang belani Kurawa.
    VI.            Karna tindak perang ngelawan Arjuna. Piyambakipun bungah, amargi kanti cara mekaten saget nuduhaken bektinipun kaliyan ingkang raja. Senajan Adipati Karna gugur.
  VII.            Ketiga tuladha menika teladan ing Jawa. Ingkang kedah dipun hayati dening prajurit ingkang ngabekti dhumateng raja lan negaranipun . ugi tansah ngupadi ing kautaman.



0 komentar:

Posting Komentar