Pocung
Basa ngelmu,
mupangate lan panemu
Pasahe lan tapa
Yen satria tanah
jawi
Kuna-kuna kang
ginilut tri prakara
Lila lamun,
kelangan noragegetun
Nrima yen
kataman
Sak serik sameng
dumadi
Tri legawa
nalangsa srah ing bathara.
Bathara gung ing
nguger jroning jejantung
Jenek hyang
wisesa
Sana pasenedan
suci
Nora kaya si
mudha mudhar angkara.
Gambuh
Sekar gambuh
ping catur(7/u)
Kang cinatur
polah kang kalantur(10/u)
Tanpa tutur
katula-tula katali(12/i)
Kadaluarsa
katutuh(8/u)
Kapatuh pandadi
awon(8/o)
Sinom
Pangeran kang
sipat murah(8/a)
Njurungi
kajating dasih(8/i)
Ingkang temen
tinemenan(8/a)
Pan iku ujaring
dalil(8/i)
Nyatane ana
ugi(7/i)
Iya kiyageng ing
Tarub(8/u)
Wiwitane
nenedha(7/a)
Tan pedhot
tumekeng siwi(8/i)
Wayah buyut
canggah warenge kang tempa(12/a)
Dhandhanggula
Eling-eling pra
kadang den eling(10/i)
Uripa ing ndonya
tan lama(10/a)
Bebasan mung
mampir ngombe(8/e)
Cinecep nulya
wangsul(7/u)
Mring asale
sangkane nguni(9/i)
Begja kang wus
pana]sangkan paranipun(7/a)
Dedalankang den
ambah(8/a)
Mring rahayu
lumampah(7/a)
Maskumambang
Gereng-gereng
Gathotkaca sru anangis
Sambaté mlas
arsa
Luhnya marawayan
mili
Gung tinamêng
astanira
Kinanthi
Anoman malumpat
sampun,
Praptêng witing
nagasari,
Mulat mangandhap
katingal,
Wanodyâyu kuru
aking,
Gelung rusak
awor kisma,
Ingkang iga-iga
kêksi.
Pangkur
Mingkar
mingkuring angkara,
Akarana karenan
mardi siwi,
Mangka nadyan
tuwa pikun,
Yen tan mekani
rasa,
Yekti sepi sepa
lir asepa samun,
Samangsane pakumpulan,
Gonyak ganyuk
nglelingsemi.
Mijil
Jalak uren
mawurahan sami, 10 i
Samadya andon
woh, 6 o
Amuwuhi malad
wiyadine, 10 e
Ana manuk
mamatuk sasari, 10 i
Angsoka
sulastri, 6 i
Ruru karya
gandrung. 6 u
(Haji Pamasa,
Ranggawarsita)
Durma
Damarwulan aja
ngucireng ngayuda, 12 a
Baliya sun
anteni, 7 i
Mangsa sun
mundura, 6 a
Lah Bisma den
prayitna, 7 a
Katiban pusaka
mami, 8 i
Mara tibakna, 5
a
Curiganira nuli.
7 i
(Langendriyan)
0 komentar:
Posting Komentar