Jaman iku kira-kira umurku 3 taun, nek adhiku kira-kira umur 1 taunan.Aku isih eling tenan nalika semana aku dolanan setinan ana ing ngarep omah. Bedo karo adhiku sing isih diemban karo ibuku. Awan iku aku jaluk digorengake endhog,ibu sing lagi repot tak gegeri tak kongkon gorengake endhog. Akhire ibu gelem gorengake aku endhog. Nanging syarate aku kudu gelem nunggoni adhiku, adhiku jengene upik, aku sing isih cilik yo angger manthok-manthok wae. nanging mboh bar kuwi tak tinggal dolanan dhewe. Adhiku diselehake ana ing apolo, sing bisa mlaku merga ana rodane lan merga diseret adhiku. Bareng adhiku wis didokok ana ing apolo, ibuku lunga ning pawon gorengaku aku endhog. lha sing aku enak-enak dolanan setin, sing adhiku dolanan apolone. ora dinyana bareng ibu lebar gorengake endhog kanggo aku, ibu kaget. adhiku ora ana, mbuh lunga ring ndi. Aku ditakoni ya mung gedak-gedek ora mudheng.Beda karo ibuku sing panik lan kuwatir merga adhiku ora ana.
Diubang-ubengi omah kok yo tetep ra ketemu, diundang-undang kok yo ora semaur. Merga cemase ibuku, nganti nangis olehe luru adhiku. Ora dinyana nalika ana wong liwat ngisor omahku karo gembor-gembor. "Yu... yu... yu Darsi... iki lho anakmu kejungkel tekan ngisor dalan." Ibuku krungu langsung wae cepet-cepet mlayu lan medun ambal-ambalan omah ngarep omahku. Jebul adhiku mau kejungkel saka omah nganti tekan ngisor dalan, sing nek kira-kira diukur iku ana 7 meteran. nanging miring mbentok ambal-ambalan, merga omahku lokasine ana ning gompengan.Ibuku nangis glemboran, beda karo aku sing urong mudheng apa-apa, lan kudu lapo. Adhiku langsung dijunjung digawa muleh, nanging wis keadaan semaput ora sadar.
Semapute adhiku kegolong suwe, awet jam 2 awan nganti jam 8 bengi lagi sadar. Nalikane adhiku semaput, wong-wong padha mara ring omahku. Omahku dadi rame, aku seneng merga akih bocah cilik-cilik sapantaranku, dadi aku ndue kanca dolanan akih. Beda karo bapak-ibuku sing susah merga adhiku ora sadar-sadar. ngelingi cerita kuwi aku kok yo ngrasa bersalah karo adhiku ya... hehe
Awalia T
0 komentar:
Posting Komentar