Ringkasan
KUMPULE BALUNG PISAH
Wosing
cariyos kempalipun keluwarga ageng ingkang sampun kapisah pinten-pinten taun.
Pisahipun inggih menika amargi crahipun keluwarga lajeng putra-putranipun sami
tindak saking griya madosi Ibunipun, dene lelampahanipun cariyos inggih kados
mekaten.
Mas
Sastra Suradira gadhah putra sekawan, Darminah, Darmono, Darmini lan Darmanto.
Gadhah rewang asmanipun Mbok Nem, ananging nalika alitipun Darmanto sampun
mandheg. Sapeninggalanipun Mbok Nem, Bapak lan Ibu asring grejegan perkawis
sepen arta. Bu asring tindak, kondur surup. Pungkasanipun Ibu tindak lan mboten
kondur.
Bapak lajeng krama malih, ing wiwitan Ibu kuwalonipun
gemati kaliyan putra-putranipun. Dangu-dangu Ibu kuwalon asring mara tangan,
lan putra-putranipun anggenipun dhahar dipunjatah sakedik sanget. Ngantos Darmono ingkang nyuwun maem boten
disukani malah diajar. Enjingipun lajeng
kesah badhe madosi Ibunipun, kaliyan Darmini lan Darmanto ugi makaten.
Untungipun Darmini lan Darmanto lajeng dipunpendhet dening bapak gedhe saking
Ibunipun.
Darminah lajeng krama kaliyan Inspektur Akhmadi.
Bapakipun Darminah lajeng tumut kaliyan garwane Darminah. Garwane Darminah
nembe nyelidiki perkara maling lan kecu, uga penculikane bocah wadon ing
Semarang. Lajeng nyuwun tulung kaliyan Sukadar
sopiripun supados nyamar dados jongosipun Babah Dengkek. Saengga Babah
Dengkek saged karingkus.
Ing papan sanes, Sundari pepacanganipun Darmanto rumaos
ayem lan tremtem wonten ing sacaketipun griya kalih tiyang ingkang
dipuntresnani. Ananging wonten ingkang
ndadosaken sedhih. Sundari ngaku bilih Sundoro ingkang kepalane rampok
menika kakang masipun piyambak. Dene
ingkang nembak Sundoro inggih menika Sukadar, amargi badhe ngurus glati datheng
Inspektur Akhmadi. Saengga Inspektur Akhmadi, Inspektur Yoyok lan Sukadar
slamet.
Sontenipun Sundari rawuh kaliyan Ibunipun. Sareng sampun
tetela, Ibunipun Sundari menika inggih Ibunipun Darminah lan adhi-adhinipun .
punapa malih nalika Inspektur Akhmadi kondur kaliyan Inspektur Yoyok lan korban
penculikan, Nanik. Inspektur Yoyok menika Darmono, lan Naniek menika Darmini.
Lajeng sami nyariyosaken lelampahanipun piyambak-piyambak.
Ing wingking Sukadar tumut sedhih amarga mboten ngertos
bapakipun, nanging gadhah fotonipun. Lajeng sareng dipunpersani putranipun Mas
Sastra kaliyan garwa enggal ingkang kesah nalika kramanipun Darminah.
Pungkasanipun Darmanto badhe krama kaliyan Sumarti,
kancanipun Sundari. Darminah ugi badhe nyusul, mboten kesupen Bapak lan Ibu
Satra.
0 komentar:
Posting Komentar