Senin, 01 Desember 2014

Posted by Unknown On 04.07


Narasi Naskah Rekaman Materi Pawarta

Bagian

Audio

Kata Pengantar
Nyemak Bahasa Jawa

Kompetensi Dasar
Mirengaken pawarta babagan Pajak Kanggo Rayahan


Pengantar
Wonten perangan menika, panjenengan kaparingan kalodhangan kagem gladhen nyemak basa jawa. Panjenengan samektakaken sedaya piranti kagem nyemak lan nyerat wangsulanipun.

Petunjuk Menyimak
Perangan menika, panjenengan sedaya badhe mirengaken salah satunggaling pawarta jawa. Panjenengan kedah mangsuli sedaya pitakenan, lan nyerat wonten ing lembar wangsulan. Pawarta menika mangke badhe kaandharaken kaping kalih. Sumangga dipun semak kanthi setiti lan permati. Sugeng midhangetaken.

Materi
Pawarta
Pajeg Kanggo Rayahan

         Saben warga negara Indonesia “wajib pajak” mesthi mbayar pajeg saben taune. Malah wernane pajeg ora mung siji thok, nanging bisa luwih saka lima. Wiwit saka pajeg “Pajak Bumi dan Bangunan” (PBB), pajeg kendharaan motor, mobil, pajeg hotel, pajeg restoran, pajeg dol-tinuku, pajeg parkir, pajeg pametu utawa “penghasilan”, pajeg warung, lan isih akeh maneh wernane. Bab mbayar pajeg warga negara tumrap negara wis ana wiwit jaman krajan biyen. Mesthine dhuwit pajeg mau, umume kanggo ndandani sarana lan prasarana umum, kayata dalan, kreteg, terminal, sekolahan, rumah sakit, lan sapiturute. Sebageyan pajeg maneh mesthi wae kanggo mbayar pegawene pamarentah, klebu saradhadhu (tentara) lan pulisi. Semono uga nalika isih jaman krajan, sebageyan dhuwit utawa upeti marang panguwasa, dijereng-jereng kanggo para pangreh utawa abdi dalem, wiwit saka bupati, demang, lurah, senapati, sentana dalem, lan liya-liyane.

          Ing jaman saiki, mbayar pajeg wis ditangani dening bageyan dhewe karan “Direktorat Jenderal Pajak”. Malah anggone ngoyak-oyak tumrap masarakat supaya tertib mbayar pajeg kanthi ajakan warna-warna, salah sijine kanthi ajakan “Orang Bijak Tertib Pajak”. Mesthi wae kanthi ajakan kasebut supaya warga masarakat tertib mbayar pajeg. Yen bisa narik saakeh-akehe pajeg saka kaklumpuk kanggo apa? Pancen sebageyan kanggo ragad masarakat, ateges anggone mbangun negara lancar. Banjur yen wis mbangun “fasilitas” kang wis katur kaya ing dhuwur. Nanging, sing cetha sebageyan entek kanggo mbayari pegawene sing cacahe nganti yutan.

         Mung emane saka dhuwit pajeg kang kaklumpuk akehe nganti atusan triliun kasebut, akeh sing padha kanggo rebutan. Kasarane kanggo korupsi. Meh ing saben kementerian apa wae, malah nganti ing lembaga DPR, DPRD, akeh sing padha ngorupsi dhuwit pajeg. Mula akeh sing padha kecidhuk amarga konangan. Malah dhuwit sing kanggo “program” lan blanja “barang” lan “jasa” uga ora lali dadi sasarane para oknum koruptor. Ora beda ing “Kementerian Pendidikan Nasional”. Akehe dhuwit kanggo “kegiatan” pendhidhikan karepe apik, yaiku kanggo minterake bocah. Nanging cak-cakane, uga akeh sing padha dikorupsi, wiwit saka dana “Biaya Operasional Sekolah” (BOS), dana “Pembangunan Gedung”, nganti dana-dana liyane. Ora beda ing “Kementerian-Kementerian” ing pusat apadene “Dinas-Dinas” ing dhaerah, dhuwit anggarane “program” lan “kegiatan” akeh sing padha dikorup. Kayane, negara Indonesia wis dikuwasani dening para koruptor, kang racake katindakake dening oknum pegawe.
(Kapethik saking : Djoko Lodhang o. 08, 2007, kapundut sacukupe)

Pengantar Evaluasi
Mekaten kalawau salah satunggaling prawarta ingkang sampun panjenengan semak. Samenika, panjenengan kedah mangsuli kalih bab pitakenan ingkang sampun wonten ing lembar wangsulan.

Bab setunggal, panjenengan kedah ngisi ceceg – ceceg ingkang sampun kaserat wonten lembar wangsulan. Kedah dipun wangsuli kanthi trep lan bener.

Bab kalih, panjenengan kedah mangsuli pitakenan ingkang sampun kaserat wonten lembar wangsulan, kanthi ngginakaken basa karma, adhedhasar prawarta ingkang sampun panjenengan mirengaken.




PAWARTA
Stansar kompetensi :  Saged mirengaken kaliyan mangertosi wacana lesan nonsastra utawi sastra wonten ing maneka ragam basa jawa.
Kompetensi Dasar   :  Mirengaken pawarta
Indikator                   :
   1. Saged mangsuli pitakenan babagan pawarta
2. Saged mangertosi isinipun pawarta
3. Saged mangertosi piwulang wonten ing pawarta


GLADHEN  I    
           
I. Isenono ceceg – ceceg ing ngisor iki kanthi pratitis !
1.      Ing jaman saiki, mbayar pajek wis ditangani dening bageyan dhewe. Karan …..
2.      Saben warga negara Indonesia “…………”mesthi mbayar saben taune.
3.       Werna-wernane pajek kang kudu dibayar yaiku…..
4.      kayane negara Indonesia wis dikuasani dening para....kang racake katindakake dening oknum pegawe.
5.      Sak mesthine, dhuwet pajek mau umume kanggo …
6.      dhuwit pajeg kang kaklumpuk akehe nganti atusan triliun kasebut, akeh sing padha kanggo …….. para pegawene dewe.
7.      “Orang Bijak Tertib Pajak” ajakan kasebut supaya….
8.      Akeh para pegawe kang padha kechiduk amarga konangan anggone…..
9.      Biaya operasional sekolah iku biasa kasebut…..
10.  Tujuan pendhidhikan nasional yaiku…..

II . wangsulana  pitakonan menika kanthi pratitis!
1.      Apa judhul pawarta mau?
Wangsulan :
2.      Sapa sing mesthi wajib mbayar pajak saben taune?
Wangsulan :
3.      Menapa warga negara Indonesia wajib mbayar pajak?
Wangsulan :
4.      Kados pundi penggunaane duet pajek ingkang sebageyan?
Wangsulan :
5.      Kanggo opo duet pajek iku yen wis kekumpulake?
Wangsulan :

0 komentar:

Posting Komentar